id stringlengths 0 8 | revid stringlengths 1 7 ⌀ | url stringlengths 0 44 | title stringlengths 1 247 | text stringlengths 1 566k |
|---|---|---|---|---|
599 | 42125 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=599 | Basa Jawa | Basa Jawa ("ꦧꦱꦗꦮ") punika basa kalebet ing golongan Austronesia, inggih punika basa-basa ingkang dipun-ginakaken déning macem-macem bangsa pribumi wonten ing kapuloan sakidul-wetanipun bawana Asia. Basa Jawa punika sumebar wiwit saking pucuk kulon pulo Jawa, ingkang asma Banten, dumugi pucuk wétan ingkang asma Banyuwan... |
604 | 32578 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=604 | Basa Kawi | "Kawi uga dadi jeneng sawijining panggonan ing Malang, Jawa Wétan. Delengen Gunung Kawi. Ing Bali uga ana panggonan kang ingaran Candhi Gunung Kawi."
Kawi iku basa sastra. Akèh tetembungan saka basa Kawi iku, dijupuk saka basa Sansekreta. Anging yèn ngomongaké basa Kawi kerep uga kang dikarepaké iku basa Jawa Kuna. Bas... |
605 | 45299 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=605 | Sastra Jawa | Mula bubukaning Sastra Jawa iku prasasti kang tinemu ing tlatah Sukabumi, Paré, Kedhiri, Jawa Wétan. Prasasti kang racaké diarani Prasasti Sukabumi iki tinulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masèhi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.
Sawisé prasasti Sukabumi, ana prasasti liyané saka taun 856 Masèhi kang isiné sawiji... |
606 | 67790 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=606 | Sastra | Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; "śāstra", kang tegesé "tulisan" utawa "buku", saka tembung dhasar "śās-" kang tegesé "weruh". Ing basa Jawa, tembung iki lumrahé dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan kang duwé arti utawa kaéndahan tartamtu. Nanging, tembung "sastra" ugi bisa ng... |
613 | 1045 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=613 | Sastra Jawa Kuna | Sastra Jawa Kuna (Carakan: ꦯꦴꦱ꧀ꦠꦿꦗꦮꦏꦸꦤ) kurang luwih ditulis dikira-kira wiwit abad kaping-9 Masehi nganti abad kaping-14 Masehi, diwiwiti karo Prasasti Sukabumi.
Karya sastra iki ditulis mawa gancaran utawa tembang (kakawin).
Pratélan karya sastra Jawa Kuna sing wujudé gancaran iku:
Pratélan karya sastra Jawa Kuna sin... |
614 | 40897 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=614 | Biografi | Biografi punika cariyos utawi katrangan ngéngingi kagesangan satunggaling tiyang. Satunggaling biografi langkung komplèks tinimbang pratélan tanggal wiyosan utawi pejahipun lan data-data pakaryan satunggaling tiyang, biografi ugi nyariosaken ngéngingi manah ingkang kalibat nalika ngalami kadadosan-kadadosan wau.
Biogra... |
616 | 3 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=616 | Wage Rudolf Soepratman | Wage Rudolf Soepratman (Jatinegara, 1903 – Makassar, 1938) iku pengarang lagu kabangsan nagara Indonésia: Indonesia Raya. Laire ing Jatinegara kala taun 1903. Bapake jenengé Soepardjo, nalika iku dadi sersan ing Batalyon VIII. Soepratman seduluré ana enem, lanang siji, liyané wadon kabèh. Salah sijiné jenengé Roekijem ... |
617 | 63571 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=617 | Agama | Agama, uga diarani gama, iku tata utawa prinsip kapitayan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Allah, Déwa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban kang ana gèndhèng-cènèngé karo kapitayan iku.
Tembung "agama" asalé saka... |
619 | 69840 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=619 | Jawa | Jawa (basa jawa: ꦗꦮ, translit. jåwå, jawi: جاوا, pegon: جاوه, hanzi: 爪哇, basa arab: جاوة, hindi: जावा, basa tamil: ஜாவா, basa sunda: ᮏᮝ, basa madura: jhâbâh, basa bali: ᬚᬯ) punika asma klintu sawijiné pulo lebet indonésia, jembaré wonten 132,000 km², kaliyan pendhudhuké wonten 114 yuta jiwa. pulo menika pulo ingkang p... |
623 | 3 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=623 | Sang Hyang Widi | Sang Hyang Widi iku asmané sang Gusti Pangéran miturut agama Hindhu. Nanging asma iki uga dienggo ing tetembangan Jawa, uga déning wong Muslim. |
627 | 1045 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=627 | Sastra Jawa Anyar | Sastra Jawa Anyar kurang luwih lair sawisé mlebune agama Islam ing tanah Jawa mligine ing jaman kasultanan Demak antarané abad kaping 15 - abad kaping 16 Masehi.
Kanthi mlebune agama Islam, wong Jawa éntuk ilham anyar sajrone nulis karya sastrane. Mula ing wanci-wanci awal, jaman Sastra Jawa Anyar, akèh dikarang karya-... |
628 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=628 | Serat Kalatidha | Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné prakara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu prakara kang kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. "Kalatidha" iku sala... |
631 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=631 | Basa Jawa Surabaya | Basa Jawa Surabaya (Jawa: ꦱꦸꦫꦧꦪꦲꦤ꧀) utawa asring disebut Suroboyoan yaiku salah siji ragam basa Jawa ing kulawarga rangkaian cara basa Arekan sing dituturaké ing tlatah Surabaya Raya (wilayah metropolitan kang kalebu kutha Surabaya lan saubengé), Indonésia.
Basa iki mujudake basa perantara sing wis dituturake dening ... |
633 | 67340 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=633 | Basa Using | Basa Using utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa ka'aran "Blambangan". Using asalé saka tembung "sing" kang tegesé "ora". Tembung iki saka basa Bali "tusing". Asliné basa Using iki salah siji varian basa Jawa kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan kang kena pangaruh bas... |
634 | 40643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=634 | Budaya | Budaya iku tegesé kabèh pamikir manungsa kang sipaté abstrak kang diwujudake dadi pola tingkah laku ing masarakat lan kasil Budaya kang sipaté fisik. Dadi budaya iku nduwé pérangan utawa unsur kang tahap-tahape yaiku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niyat. Kabèh gabungan pérangan utawa unsur-unsur iku mung an... |
635 | 66957 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=635 | Wayang | Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang "-an". Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limra... |
636 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=636 | Pratélan paraga wayang | Daftar Tokoh Wayang.
Ing ngisor iki jeneng-jeneng wayang ing lakon pakem wiracarita Ramayana lan Mahabharata kang racaké kababar ing tontonan wayang kulit utawa wayang wong ya iku: |
637 | 67340 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=637 | Basa Tengger | Carabasa Tengger iku salah sawijiné dialek saka Basa Jawa kang dicaturaké ing tlatah Gunung Brama kang kalebu wewengkon Pasuruan, Prabalingga, Malang lan Lumajang.
Ing Pasuruan, carabasa Tengger tinemu ing kacamatan Tosari, sabanjuré ing Prabalingga, tlatah kacamatan Sukapura, manawi Malang, carabasa Tengger dicaturaké... |
638 | 40076 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=638 | Dhialèk Sérang | Basa Jawa Banten utawa dhialèk Banten iku dhialèk basa Jawa kang mligi dicaturaké ing saloring provinsi Banten, turut pasisir. Miturut sajarahé wiwit dituturaké ing jaman Kasultanan Banten (abad 16). Ing jaman iku, basa Jawa kang dituturaké ing Banten ora ana bedhané karo basa Jawa ing Mataram. Nanging, sawisé iku basa... |
639 | 44758 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=639 | Dhialèk Cerbon-Dermayu | Carabasa Cerbonan utawa uga diarani Basa Cerbon iku siji carabasa basa Jawa kang dipituturaké ing pasisir lor Jawa Kulon mligi wiwit tlatah Cilamayah (Sund: Cilamaya) (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakahnagarah (Sund: Pusakanagara) (Subang), Indramayu, nganti Cirebon lan Losari Wétan, Brebes, Jawa Tengah.
Biyèn car... |
640 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=640 | Dhialèk Banyumasan | Carabasa Banyumasan dicaturaké ing tlatah Banyumasan, kasebar wiwit Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganti tlatah Pasundan, molai Cirebon-Indramayu lan Banten lor.
Carabasa Banyumasan dianggep carabasa Basa Jawa sing tuwa dhéwé. Bab iki ditandhani kanthi anané sawatara tem... |
641 | 47373 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=641 | Banyuwangen | Banyuwangen iki salah siji tlatah ing Jawa Wétan sing parané ing pojok wétan Pulo Jawa. Pramila pernahé iku, akèh prabawa kajaban sing lumebu ing tlatah sing kadangkala diarani "Bumi Blambangan" iki.
Tlatah Banyuwangi diubengi pagunungan ing kulon, lan lautan ing kidul wétané. Dadi, tlatah iki ora akèh kaprabawa karo B... |
642 | 63718 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=642 | Ludruk | Ludrug ("ludruk" cara Indhonesiya) yaiku kaseniyan tradhisi awujud tontonan teatrikal uatawa drama sing asalé saka Jawa Wétan. Ing Javaansche Woordenlijst, De Nooy (1893:24) ludrug ateges badhud. Pramila, Ludrug iki mijil saka keseniyan rakyat jenengé Besutan. Besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton dening wong... |
643 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=643 | Bausastra | Bausastra (Jawa: ꦧꦲꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ) (Ind: kamus) ya iku buku sing isiné pratelan jarwa têgês tembung-tembung.
Pratelan pitulis prakara bausastra.
Sumangga manawa ana sing kersa ngisi bausastra iki. |
646 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=646 | Suriname | Républik Suriname iku nagara kang dumunung ana ing pérangan lor Amérika Kidul. Nagara iki diwatesi karo Guyana Prancis ing wétan, Guyana ing kulon, Nagara Brazil ing kidul, lan Samodra Atlantik ing lor. Nagara iki salah sijining panggonan kang akèh wong Jawané, saliyané Indonésia lan Kaledonia Baru. Suriname iku mantan... |
647 | 66969 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=647 | God zij met ons Suriname | God zij met ons Suriname (Jawa "Sang Pangéran Moga Nulungi Awaké Dhéwé Suriname") iku lagu kabangsane nagara Suriname. Ing ngisor ana versiné nganggo basa Walanda lan basa Sranan Tongo:
Ing Basa Walanda:
"God zij met ons Suriname"
"Hij verheffe ons heerlijk land"
"Hoe wij hier ook samen kwamen"
"Aan zijn land zijn wij ... |
648 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=648 | Gamelan | Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional asli saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dinggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.... |
649 | 40897 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=649 | Tembang | Tembang iku kasil budaya saking gubahan babagan seni nadha utawa swara kang nduwé aturan-aturan tinamtu antarané: urutan, kombinasi lan gayutan temporal (uga bisa nganggo iringan piranti musik) kang ngasilaké gubahan musik kang manunggal lan duwé irama. Tembang uga bisa ditegesi reriptan utawa dhapukaning basa mawi pau... |
650 | 67162 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=650 | Campursari | Campursari iku salah sawijining jinising tembang Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modèrn. Campursari ngémot pirang-pirang aspèk seni (sajeroning lelagon pepak banget). Lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhé, sekar gendhing, bawa, umpa... |
651 | 52608 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=651 | Didi Kempot | Didi Kempot utawa Didik Prasetyo (lair Didik Prasetya ing Surakarta, Jawa Tengah, 1966 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 2020 ing umur 53 taun), minangka salah sawijining penyanyi campursari kang asalé saka Jawa Tengah. Dhèwèké asliné saka Surakarta. Didi Kempot yaiku anaké juru lawak Ranto Edi Gudèl lan isih adhiné M... |
652 | 1523460 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=652 | Sèwu Kutha | Sewu Kutha iku tembang Jawa sing kalebu genre campursari lan ditembangaké déning Didi Kempot. Lagu ini nyaritakake sawijining wong sing kelangan pacangané. Lagu iki dadi misuwur banget lan naté ditembangaké déning Sri Sultan hamengkubawana X nalika kampanye Parté Golkar ing Kalimantan Kidul taun 2009.
Lirik.
Sewu kutha... |
653 | 27146 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=653 | Sastra Jawa Tengahan | Sastra Jawa Tengahan iku wiwitane ana sawisé karaton Majapait diadegaké. Dadi wiwit abad kaping 13 nganti kira-kira abad kaping 16 Masehi. Sabanjuré, sastra Jawa Tengahan diterusaké ing Bali dadi Sastra Jawa-Bali.
Jaman samana, karya-karya tembang kang dhedhasar pupuh tembang Jawa asli, wiwit ditrapaké. Karya-karya iki... |
654 | 27146 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=654 | Kidung Sri Tanjung | Kidung Sri Tanjung iku karyané wong Banyuwangi. Carita iki kagolong carita legèndha payasaning kutha Banyuwangi. Saliyané iku, carita iki uga misuwur amarga bisa digunakaké dadi carita kanggo ngruwatan.
Caritané sing cekak kaya mangkene:
Ana sawijining satriya anama radèn Sidapaksa sing lunga saka panggonané, banjur ng... |
655 | 55509 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=655 | Sato kéwan | Kéwan, iku organisme kang digolongké ing karajan Animalia utawa Metazoa. Kéwan iku makluk urip kang ana ing alam semesta. Kéwan bisa kasusun saka siji sèl (uniselular) utawa akèh sèl (multiselular).
Para èlmuwan nglasifikasiaké kéwan dadi 2 golongan utama, yaiku kéwan nduwé balung mburi lan kéwan tanpa balung mburi.
Ké... |
659 | 47373 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=659 | Basa walikan Malangan | Sejarahing.
Basa walikan cara Malangan iki pramilane diucapake karo para bromocorah sing yèn jaman saiki pada karo preman. Nanging bromocorah iki tujuanne saé, ya iku merjuangake nasibe wong cilik lan rakyat saka panindésaning Walanda ing jaman iku.
Kanggo mbingungke Walanda lan teliksandhine, para bromocorah iku ngan... |
661 | 27146 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=661 | Sekar Banyuwangen | Sekar Banyuwangen iki asliné mung patang larik lan racaké dibolan-balèni nganggo cara dawa utawa cara cendhek. Seni swarané ya béda karo seni swara Jawa, lan diarani cengkok Mandarin.
Sekar Banyuwangen umuré wis tuwa, kira-kira wis atusan taun. Saiki milai dinyanyèkaké wayah Seblang utawa kanggo jogèd Sangiyang (Sang H... |
662 | 27146 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=662 | Condro Dewi | Condro Dewi iku Sekar Banyuwangen.
Tèks tembang Condro Dewi:
"Condro Dewi"
" Yoro Murtosiyam"
"Moro mundur, Moro mundur"
"Kembange, kembang pothetan" |
663 | 62772 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=663 | Paribasan | Paribasan, Belasan lan Saloka iku satemene uga kalebu ing golongane Tembung éntar sabar telu-telune kabeh mawa surasa kang ora mung salugune bae.
Bedanya paribasan, Bebasan lan Saloka karo Tembung éntar mangkene: paribasan, bebasan, saloka iku kabeh ajeg panganggone nanging tembung entar unèn-unèné ora adjêg
Tuladhané:... |
664 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=664 | Tetuwuhan | Tetuwuhan utawa thethukulan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan ("regnum") iki. Tetuwuhan iku ji... |
665 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=665 | Beksan Topèng Malangan | Jogèd Topèng Malangan iku jogèd asil campuran antarané budaya Jawa Tengahan, Jawa Kulonan lan Jawa Wétanan (Blambangan lan Using) saéngga oyoting obahan jogèd iki ngandhut unsur gabungan dinamis lan musik saka etnik Jawa, Madura lan Bali. Salah siji kaunikané ya iku ing modhèl piranti musik sing dinggo kaya ta rebab (s... |
666 | 48311 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=666 | Tlatah | Tlatah iku tegesé wadhah utawa ruangan sing ana ing alam jagad. Tlatah iki bisa awujud gunung, sagara, samodra, kedhung nganti nagara.
Ing ngisor iki njabarake rupa-rupaning tlatah: |
850 | 32578 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=850 | Dhialèk Ngayogyakarta | Basa Jawa Ngayogyakarta utawa carabasa Ngayogyakarta iku carabasa Jawa sing akèh tinemu utawa dianggo sajeroning pirembugan ing tlatah Ngayogyakarta. Wong Nyogja iku rada seneng nyekak omongan, utawa nambahi ukara supaya kaprungu luwih manteb.
Tuladha:
Wong Nyogja uga seneng nambahi aksara "m" nèng ngarepé ukara utawa ... |
853 | 1717983 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=853 | Aksara Jawa | bisa ateges:
Kaca iki mratélakaké artikel-artikel sing ana gayutané karo sesirah #ALIH. |
854 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=854 | Dhialèk Surakarta | Basa Jawa Surakarta utawa carabasa Surakarta iku sawijine Carabasa Jawa sing dituturaké ing Surakarta. Carabasa iki kalebu carabasa Jawa sing alus. Carabasa Surakarta lan carabasa Ngayogyakarta lumrahe padha karo basa Jawa baku. Amarga, carabasa-carabasa iku mau dadi dhadhasaring basa Jawa baku iku dhewe.
Ing padinan, ... |
855 | 62219 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=855 | Rama | Rama uga bisa diarani Prabu Ramawijaya yaiku ratu ing Pancawati. Prabu Ramawijaya putrané Prabu Dasarata ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu utawa Sukasalya. Prabu Ramawijaya iku tokoh mligi Ramayana, salah siji wiracarita saka tanah Indhia kang uga misuwur ing tanah Jawa.
Dasanama.
Dasanamané (jeneng liya): Prabu Sri Bat... |
856 | 27146 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=856 | Lesmana | Lesmana utawa Laksmana (basa Sangskerta: लक्ष्मण, "Lakṣmana") iki rayiné Prabu Rama kang setya ndhèrèkaké kangmasé rikala Prabu Rama kasébrataké menyang wana Dandaka. Alas kang wingit kepati paribasan Sato mara sato mati janma mara kapiluyu.
Papaning para jim, sétan lan dununging para raseksa. Ya ing wana Dandhaka iki ... |
858 | 3 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=858 | Dollar Suriname | Dollar Suriname iku mata valuta Suriname wiwit taun 2004. Sadurungé ya Gulden Suriname. Valutané diganti amarga gulden Suriname ngalami hiperinflasi. Banjur dhuwit 1.000 gulden Suriname diganti 1 dollar. Nanging koin-koin olèh dienggo manèh nganggo aji sing mbiyen. |
859 | 58899 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=859 | Basa | Basa minangka sistem komunikasi simbolik ingkang dipun-ginakaken déning manungsa kanggé kaperluan interaksi sosial. Sistem iki kalebu panggunan simbol-simbol, utawa tembung, ingkang dipun-ginakaken kanggé nyatakaken lan ngéwahaken pikiran, rasa, lan idé-idé. Basa dados médhia éksprési diri lan kanggé nglestarekaken bud... |
880 | 63718 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=880 | Mlathi | Mlathi ("Jasminum sambac") iki kalebu kaluwarganing "Jasminum". Tuwuhan iki kasebar ing saindhenging donya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis. Lan duluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing donya. Iki kalebu jinis tetuwuhan sing thukulé ngerambat lan bisa ditandur ning endi-endi papan panggonan.
Kembang mlathi l... |
881 | 23608 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=881 | Mawar | Kembang Mawar iku kalebu kaluwarganing "Rosa". Cacah jinisé ana atusan. Wiwit kang thukul umbaran (alasan) nganti kang dibudidayakaké. Mawar ana kang biyasa, ana uga kang thukulé mrambat.
Cara membudidayaké utawa nandur kembang mawar bisa plantaran wiji, seték, okulasi, cangkokan, lan nyigar anakan. Nanging cara kang l... |
882 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=882 | Asu | Asu, segawon, utawa cemera kasebut (Canis familiaris yèn dianggep spèsiès kang béda utawa Canis lupus familiaris yèn dianggep dadi subspèsiès serigala) minangka karnivor ing kulawarga Canidae. Iki minangka bagéan saka kaleng kaya serigala, lan minangka karnivor darat kang akèh banget. Asu lan srigala abu-abu kang isih ... |
883 | 48311 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=883 | Banyak | Banyak utawa ing Basa Indonésia diarani Angsa kalebu kulawargané manuk, lan sub-kulawarga anatidae. Tansah sadulur karo bèbèk, lan meliwis.
Banyak ana loro jinisé, ya iku sing bisa miber lan sing ora bisa miber. Bangsa banyak iki uga kalebu kéwan kang setia, ora misah karo pasangané, upamané dadi sigaraning nyawa. Bany... |
884 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=884 | Tikus | Tikus iku kéwan kang kalebu kulawarganing Rodentia. Saka ukurané ana kang gedhé, lan ana kang cilik. Tikus uripé ing ngendi-ngendi panggonan. Ana kang urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.
Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganti kadhang daging uga dipangan. Tikus ... |
885 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=885 | Truwèlu | Truwèlu, utawa Trewelu, utawa terwèlu utawa ing Basa Inggris diarani Hare kalebu kulawarganing leporidae lan genusé lepus. Kéwan iki sadulur karo Kelinci. Kéwan iki pinter ing colong playu, lan playuné bisa nganti 70 km/ jam. Uripé ya dhèwèkan utawa karo pasangané waé.
Bedané karo kelinci ya iku: sikil mburiné truwèlu ... |
888 | 6197 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=888 | Aksara Pégon | Aksara Pégon iku aksara Arab utawa luwih pas yèn diarani: Aksara Jawi kang diowah-owah lan diréka-réka kanggo nulisaké basa Jawa. Tembung Pegon jaré asalé saka basa Jawa "pégo" kang tegesé "ora lumrah". Amerga basa Jawa kang ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.
Béda karo huruf Jawi, kang ditulis gundhul, hur... |
890 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=890 | Asem (tetanduran) | Asem iku tetuwuhan kang wohé dawa-dawa, mrengkel-mrengkel, rupa kulité coklat. Yèn isih enom dagingé wernané ijo, rada renyah, lan rasané kecut nemen. Nanging yèn wis tuwa dagingé banjur dadi coklat, rasa kecuté rada suda. Asem bisa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Asem bisa minangka bumbu masak, wedangan (wedang... |
891 | 55874 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=891 | Paribasan Jawa | Iki wujud pratélan paribasa lan saloka basa Jawa (durung pepak) kang ditata urut abjad. Paribasan iku tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Ana ing pratélan iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja.
A B C D E G H I
J K L M N O P Q R
S T U V W X Y Z
Y.
A B... |
892 | 39278 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=892 | Jamur ing mangsa katiga | Paribasan jamur ing mangsa katiga tegesé, barang sing langka banget utawa mustakil. Mangsa katiga iku mangsa panas, ora ana udan, dadi tangèh lamun ana jamur sing thukul ing mangsa katiga.
"Ngentèni thukuling jamur ing mangsa katiga", tegesé, mokal utawa sengara. |
894 | 48311 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=894 | Nguyahi banyu segara | Paribasan nguyahi banyu sagara iku tegesé nglakokaké barang sing ora ana gunané utawa pagawéan sing sia-sia. Ing basa Walanda, paribasa iki dadi "water naar de zee dragen" sing tegesé ngusungi banyu menyang sagara. |
896 | 28213 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=896 | Mikul dhuwur, mendhem jero | Paribasan mikul dhuwur, mendhem jero iku tegesé, wong tetuwa iku wajib dijunjung jasa-jasané. Kaluputané wajib ditutup-tutupi, aja diumbar-umbar.
Nanging, isih ana masarakat sing ngartèkaké paribasan iki supaya ora duwé sikap kritis lan ora tanggen. Sajatiné, paribasan iki tegesé piwulang kanggo ngurmati leluhur kanthi... |
913 | 42498 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=913 | Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni, wajib mèlu angrukebi | Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni, wajib mèlu angrukebi iku tegesé "wani mawas dhiri, rumangsa mèlu nduwé lan njaga apa kang ana". Unèn-unèn iki semboyané Kanjeng Gusti Pangéran Arya Adipati Mangkunagara III lan uga dienggo déning Tien Soeharto, minangka pawarising Pangéran Mangkunagara III. |
915 | 3 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=915 | Kucing | Kucing (Felis catus), ingkang asring dipunsebat minangka kucing kampung, punika satunggaling spesies ingkang dipunjinakaken wonten ing kulawarga Felidae. Kemajengan ing babagan arkéologi lan genetika sampun nuduhaken bilih jinakipun kucing punika kedadosan wonten ing Wétan Tengah kira-kira taun 7500 SM. Kucing asring d... |
922 | 39278 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=922 | Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana | Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana iku salah sawijining unèn-unèn Jawa sing tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé, banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo. |
923 | 47066 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=923 | Jawa Tengah | Jawa Tengah iku provinsi ing Indonésia. Kutha krajané ya iku Semarang. Jawa Tengah iku salah siji saka enem provinsi kang ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining provinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sajatiné Ngayogyakarta iku uga pérangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sajarah ... |
925 | 47066 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=925 | Jawa Wétan | Jawa Wétan (Madura: "Jhâbâ Tèmor", basa Indonésia: "Jawa Timur") punika satunggaling provinsi ing Indonésia ingkang mapan wonten ing sepertiga pérangan wétan pulo Jawa. Provinsi punika namung gadhah wates daratan kaliyan provinsi Jawa Tengah ing sisih kulon; lautan Segara Jawa lan Samudra Hindia nyawiji ing sisih lor l... |
930 | 39278 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=930 | Ula marani gebug | Ula marani gebug utawa ula marani gepuk iku tegesé, nemaha marang kacilakan. Kaya ta maling sing marani wong-wong sing padha ngincim-incim dhèwèké. Saloka iki ana gegandhèngané utawa mèmper tegesé karo bebasan liya sing uniné: kutuk marani sunduk. |
933 | 1632229 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=933 | Kalédonia Anyar | Kalédonia Anyar iku pulo sing dumunung ana sakiduling Samudera Pasifik. Uga diarani "Kanaki" sing dijupuk saka jeneng padunung asli kapuloan iku. Nagara kapuloan iki kalebu wewengkoning nagara Prancis saliyaning Polinésia Prancis. Tlatah iki statusé diarani 'Tlatah sabrang sagara' (diarani "overseas country") wiwit tau... |
936 | 67159 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=936 | Pawon | Pawon utawa padangan kanthi barès tegesé siji panggonan, lumrahé ing jero omah kanggo aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan. Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Nanging tembung pawon bisa uga tegesé aktivitas iki, utawa asil saka aktivitas iki yaiku panganan.
Wangun pawon.
Kanthi tuwuhing... |
943 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=943 | Lemud | Lemud utawa nyamuk iku akèh arané ing tlatah Jawa. Ana kang ngarani jingklong, lan ana kang ngarani lamuk. Nyamuk kalebu cacahing "gegremet", utawa "Insecta".
Jinis lemud.
Jinis-jinising lemud kang wis dikenal manungsa yaiku:
Jinising lemud sajatiné ana 2700, saka 35 genusé, lan lemud wis ana ing donya kira-kira 170 yu... |
944 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=944 | Laler | Laler kalebu jinis gegremet, kang asalé saka subordo Cyclorrapha ordo Diptera. Sacara morfologi laler dibédakaké saka lemud (subordo Nematocera) dhedhasar ukuran anténané; laler duwé anténa cendhèk, sauntara lemud duwé anténa dawa[#endnote_]. Laler lumrahé duwé sapasang swiwi asli sarta sapasang swiwi cilik kang dipigu... |
945 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=945 | Ula | Ula utawa sawer ing basa krama, kalebu bangsaning kéwan rumangkang utawa rèptil. Kajaba iku, uga kalebu cacahing ordho sekwamata ("squamata") lan sapaduluran karo kadhal. Ula iki kagolong kéwan kang adhem getihé dadi kudu akèh mépé ing cahyaning srengéngé kanggo manasaké awak, ora ana cèkèré lan awaké dawa banget.
Kabè... |
946 | 31117 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=946 | Kopi Lampung | Kopi Lampung iku lagune Didi Kempot. Lagu ini nyaritakake wong ngombé kopi Lampung.
Lirik.
Secangkir wedang kopi,
kopi Lampung, punika kopi asli,
gula batu napa gula tebu,
srupat sruput ing wanci dalu.
Wancine udan grimis,
saya wangi ya saya ngriwis,
grimis kok ya ora wis-wis,
banjur kelingan kowe wong manis.
"Refrein"... |
947 | 45102 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=947 | Basa Sundha | Basa Sundha (Aksara Sundha: ᮘᮞ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ "Basa Sunda") iku basa Austronésia. Basa iki dipituturake déning kurang luwih 42 yuta jiwa, lan basa nomer loro kang dhuwur dhéwé ing tlatah Indonésia. Basa iki dicaturaké ing pérangan kulon Pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah Pantura (Pasisir Lor Jawa)sisih kulon. ... |
948 | 71421 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=948 | Basa Madura | Basa Madura iku basa kang dipituturake déning wong Madura. Basa iki digunakaké in pulo Madura, Jawa Wétan lan tlatah-tlatah liyané.
Tlatah panyebarané Basa Madura.
Basa Madura kang ing basa asliné diucapaké "medhureh" dicaturaké mligi ing tlatah Madura, kapuloan Kangéan, Masalembo, lan tlatah wétaning Jawa Wétan, kaya ... |
949 | 56349 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=949 | Basa Sangsekerta | Basa Sangsekerta/ Sangskretā (Jawa: ꦨꦴꦰꦱꦁꦱ꧀ꦏꦽꦠꦩ꧀), ("saṃskṛtam", asliné ing aksara Déwanagari संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, "basa rinengga") iku basa Indo-Éropa sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, "Rgwéda" dianggit ing watara taun 1500 SM. Basa Indo-Éropa li... |
950 | 31117 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=950 | Manuk Cucak Rawa | "Kanggo jinising manuk pirsani Cucakrawa"
Manuk Cucak Rawa, iku sesirah sawijining lagu sing karepé humoristis. Nanging déning sabagéyané wong dianggep kasar, kampungan lan nggilani. Nglanggar tata susila. Lagu ini antarané dinyanyèkaké Didi Kempot.
Separo lagu manuk Cucakrawa iki, dinyanyèkaké nganggo basa Indonésia, ... |
952 | 42125 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=952 | Madura | Madura bisa nuju marang sawatara tulisan:
Kaca iki mratélakaké artikel-artikel sing ana gayutané karo sesirah #ALIH. |
953 | 17178 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=953 | Bali (disambiguasi) | Mangga milih kaca sing kersa diwaca:
Kaca iki mratélakaké artikel-artikel sing ana gayutané karo sesirah #ALIH. |
954 | 48188 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=954 | Kelinci | Kelinci, utawa luthuk (saka basa Jawa kuna: ꦭꦸꦛꦸꦏ꧀ "luṭuk") kalebu bangsaning "Mamalia" utawa kéwan nyusoni, lan tansah sapaduluran karo Truwèlu lan Pika. Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kajaba ing tlatah Antartika. Jeneng latiné ya iku "Oryctolagus cuniculus". Kelinci bisa nglairaké anak kurang luwih nganti pin... |
955 | 5031 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=955 | Tekèk | Tekèk, Tokèk, Gecko lan sapanunggalé tansah sapaduluran karo kulawarganing kadhal utawa ing basa latiné kalebu kulawarga "Gekonidae". Ukurané rupa-rupa, ana kang cilik lan uga ana kang gedhé, racaké ukuran tekèk iku luwih gedhé tinimbang cecek.
Keliré tekèk ana akèh. Ana kang warnané soklat, ana kang wujud bathik kaya ... |
956 | 67167 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=956 | Kethèk | Kethèk utawa bedhès ing basa Jawa Wétanan, utawa bojog ing basa Using (lan basa Bali) iku kalebu cacahing primata, nanging béda karo bangsaning orangutan, wau-wau lan bekantan sing ora nduwé buntut. Kethèk nduwé buntut sing dawané bisa pada karo awaké.
Kethék piturut tlatahé dibagi dadi 2 cacah, yaiku:
Kethèk donya law... |
957 | 41879 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=957 | Pulo Madura | Sajarah.
Sacara pulitis, Madura sajeroning maabad-abad wis dadi subordinat tlatah kakuwasan sing munjer ing Pulo Jawa. Watara taun 900-1500, pulo iki ana ing sangisoré prabawa kakuwasan krajan Hindhu Jawa wétan kaya Kedhiri, Singhasari, lan Majapait. Ing antara taun 1500 lan 1624, para panguwasa Madura gumantung marang... |
958 | 58899 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=958 | Wong Madura | Wong Madura ing Indonésia cacahé kira-kira ana 15 yuta. Asale urip ing Pulo Madura lan pulo-pulo saindhengane, kaya ta Gili Raja, Pulo Sapudi, Pulo Raas lan Kangean. Kajaba iku, wong Madura urip ing wetaning Jawa Wétan, kaya ta mila pinggir sagara saka Surabaya nganti Banyuwangi. Wong Madura ing Situbondo lan Bondowoso... |
960 | 47373 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=960 | Laos (bumbu) | Laos (Basa Indonesia: "lengkuas"), iku salah sawijining oyot kang akèh gunané. Bisa kanggo tamba utawa sedhep-sedhepan masakan. Ing masakan Thailand laos dadi sedhep-sedhepan paling utama, uga ing Indonésia. Lumrahé laos dimasak karo sop-sopan utawa janganan liyané. Wujudé kaya jaé nanging ambuné kaya jeruk-jerukan lan... |
961 | 44726 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=961 | Primbon | Primbon yaiku buku (layang) sing ngemot petungan, pethek lan sapiturute. Salah siji primbon kang umum dienggo ing masyarakat yaiku Betaljemur Adammakna. |
962 | 48311 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=962 | Wuku | Wuku iku arane unit wektu kang ditata saka 30 peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7 dina. Dadi setaun wuku katata saka 210 dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diarani pawukon digunakaké ing Bali lan Jawa.
Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki yaiku patemonane rong dina ing sistem pancawara(pasar) la... |
963 | 31117 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=963 | Wuku Sinta | Sinta iku wuku sing pratama. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Yama.
Minggu – Paing
Senen – Pon
Slasa – Wage
Rebo – Kliwon
Kemis – Legi/Umanis
Jemuwah – Paing
Setu – Pon
Ugi delengen: |
964 | 48311 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=964 | Cirebonan | Cirebon parake ana ing watese Jawa Kulon lan Jawa Tengah. Tlatah iki panggonane ana ing jalur niyaga lan lintasan sepur saka Jakarta nganti Surabaya. Saliyané iku dadi jalur wigati kanggo panyebaraning agama Islam ing tlatah Pasundan. Cirebon piturut salah siji sumber asalé saka ukara Cai Rebon utawa ana sing ngarani C... |
965 | 31117 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=965 | Wuku Landhep | Landhep iku wuku sing kapindho. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki kareksa déning Bathara Mahadewa
Minggu – Wage
Senen – Kliwon
Slasa – Legi/Umanis
Rebo – Paing
Kemis – Pon
Jemuwah – Wage
Setu – Kliwon
Ugi delengen: |
966 | 31117 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=966 | Wuku Wukir | Wukir utawa Ukir iku wuku sing ping telu. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Mahayakti.
Minggu – Legi/Umanis
Senen – Paing
Slasa – Pon
Rebo – Wage
Kemis – Kliwon
Jemuwah – Legi/Umanis
Setu – Paing
Ugi delengen: |
967 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=967 | Wuku Kurantil | Kurantil utawa Kulantir iku wuku sing kaping papat. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Langsur.
Minggu – Pon
Senen – Wage
Slasa – Kliwon
Rebo – Legi/Umanis
Kemis – Paing
Jemuwah – Pon
Setu – Wage
Ugi delengen: |
968 | 47373 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=968 | Yama | Bathara Yama utawa Yamadipati iku miturut kaparcayane agama Hindhu Déwa kang njaga neraka. Yama iku siji paraga kang ana ing sadéngah kabudayan lan agama.
Ing Hindhu, Yama iku ginambaraké kanthi kulit ijo lan abang. Klambiné abang lan numpak kebo. Ing Carita Hindhu, Yama iku putra Bathara Surya, déwa srengéngé. Dhèwèké... |
969 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=969 | Wuku Tolu | Tolu utawa Tulu iku wuku sing kelima. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Bayu.
Minggu – Kliwon
Senen – Legi/Umanis
Slasa – Paing
Rebo – Pon
Kemis – Wage
Jemuwah – Kliwon
Setu – Legi/Umanis
Ugi delengen: |
970 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=970 | Wuku Gumbreg | Gumbreg iku wuku sing ping enem. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Candra.
Minggu – Paing
Senen – Pon
Slasa – Wage
Rebo – Kliwon
Kemis – Legi/Umanis
Jemuwah – Paing
Setu – Pon
Ugi delengen: |
971 | 9426 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=971 | Wuku Wariga alit | Wariga alit utawa Wariga, iku wuku sing kapitu. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Asmara.
Minggu – Wage
Senen – Kliwon
Slasa – Legi/Umanis
Rebo – Paing
Kemis – Pon
Jemuwah – Wage
Setu – Kliwon
Ugi delengen: |
972 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=972 | Wuku Wariga agung | Wariga agung utawa Warigadian iku wuku sing kaping wolu. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Maharesi.
Minggu – Legi/Umanis
Senen – Pahing
Selasa – Pon
Rebo – Wagé
Kemis – Kliwon
Jemuwah – Legi/Umanis
Setu – Pahing
Ugi delengen: |
973 | 9426 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=973 | Wuku Julungwangi | Julung wangi iku wuku sing kaping sanga. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Sambu.
Minggu – Pon
Senen – Wage
Slasa – Kliwon
Rebo – Legi/Umanis
Kemis – Paing
Jemuwah – Pon
Setu – Wage
Ugi delengen: |
974 | 7643 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=974 | Wuku Sungsang | Sungsang iku wuku sing ping sepuluh. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Gana (Ganesa).
Minggu – Kliwon
Senen – Legi/Umanis
Selasa – Pahing
Rebo – Pon
Kemis – Wagé
Jemuwah – Kliwon
Setu – Legi/Umanis
Ugi delengen: |
982 | 69840 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=982 | Indhonésia | Indhonésia, resminé Républik Indhonésia (basa Indhonésia: "Republik Indonesia"), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu p... |
984 | 42498 | https://jv.wikipedia.org/wiki?curid=984 | Poerbatjaraka | Prof. Dr. Radèn Mas Ngabehi (Lesya) Poerbatjaraka (Jawa: ꦦꦸꦂꦧꦕꦫꦏ; *Surakarta, 1884 – +Jakarta, 1964) iku ahli budaya, ngèlmuwan Jawa lan mligi nimpuna sastra Jawa Kuna. Dhèwèké duwé keturunan kraton. Jenazahe dimakamke ing Karet Bivak, Jakarta.
Bubuka.
Panjenengané iku putra salah sijining sentono dalem Karaton Kasuna... |